Pidato Bahasa Jawa tema Hari Pendidikan Nasional


Assalamu’alaikum Wr.Wb
Bapak kepala sekolah kalian bapak ibu guru ingkang kinurmatan. Para kanca-kanca kelas 7,8,kalian 9 ingkang kula tresnani. Alhamdullilah,kula kalian panjenengan saged mengeti dinten Pendhidhikan Nasional punika,kanthi pinaringan kasarasan, saengga kula lan panjenengan  saged mengeti dinten Pendhidhikan Nasional punika kanthi  boten wonten alangan satunggal menapa
Para rawuh ingkang kinurmatan,dinten menika dinten Pendhidhikan Nasional. Dinten Pendhidhikan menika dados asal-usulipun pendhidhikan wonten Indonesia. Tanggal kalih Mei dados dinten Pendhidhikan Nasional,amargi tanggal kalih Mei menika, wonten Yogyakarta didamel sekolahan,inggih punika Taman Siswa.
Pendhidhikan wonten Indonesia menika mboten luput saking jasanipun Ki Hajar Dewantara. Nggih leres, Ki Hajar Dewantara menika ingkang damel Taman Siswa,wonten Yogyakarta. Jasanipun Ki Hajar Dewantara  boten namung meniku, Ki Hajar Dewantara nggih kagungan jasa liya.  Ki Hajar  Dewantara kagungan semboyan inggih punika :
·         Ing ngarsa sung tuladha       ( di depan memberi  contoh )
·         Ing madya mangun karsa     ( di tengah memberi motivasi )
·         Tut wuri handayani              ( di belakang memberi dorongan )
Semboyan menika dados semboyan pendhidhikan wonten Indonesia,inggih
menika  Tut Wuri Handayani.
            Kanca-kanca ingkang kula tresnani,kula kalian panjenengan menika para murid,sampun dados kuwajiban kula kalian panjenengan  ngurmati jasa nipun para pahlawan. Boten namung jasa nipun Ki Hajar Dewantara kemawon,ananging sedaya jasanipun para pahlawan. Amargi, sedaya pahlawan sampun ngorbanaken jiwanipun kangge merdeka,saengga kula kalian panjenengan saged sekolah kados sakniki.
            Para rawuh ingkang kinurmatan,cekap semanten atur kula. Menawi wonten lepat kawula,kula nyuwun agunge pangapunten.
Wassalamu’alaikum Wr.Wb



Komentar

Postingan Populer